Nilai-nilai Budaya Jawa Wonten ing Game Outbound

Masarakat Jawa inggih menika masarakat ingkang sugih kabudayan. Wonten ing pagesangan masarakat Jawa mboten uwal saking nilai-nilai budaya Jawa. Amargi nilai-nilai budaya Jawa sampun rumaket ing pagesangan saben dintenipun. Ingkang badhe dipunandharaken ing panulisan menika babagan nilai-nilai budaya Jawa wonten ing Game Outbound ingkang dipunlampahami dening parasiswa kelas 8 angkatan 12 SMP IT Alam Nurul Islam dinten Setu, 18 September 2021.Kagiyatan outbound menika salah satunggaling kagiyatan ingkang dados program pawiyatan ing SMP IT Alam Nurul Islam. Kagiyatan outbound menika dados kagiyatan favorit parasiswa. Amargi wonten ing kagiyatan outbound menika parasiswa saged tepang kaliyan kancanipun, dados pembelajar ulung, mandiri saha gadhah karakter islami ingkang laras kaliyan visi SMP IT Alam Nurul Islam.

Kagiyatan outbound menika temtunipun mbetahaken ubarampe ingkang kedah dipuncawisaken supados kagiyatan saged lancar mboten wonten alangan menapa kemawon.
Kagiyatan menika dipunwiwiti kanthi ngempalaken parasiswa wonten ing ngajeng sekolah. Dipunwiwiti kanthi dzikir Alma’tsurat sesarengan ingakng dipunpandhegani dening ustadz Rohmad saha ustadzah umi sarta ustadz/ustadzah tim outbound. Saksampunipun dzikir dipunlajengaken ice breaking saha pemanasan supados mboten cidera anggenipun nglampahi kagiyatan outbound.

Wonten ing kagiyatan outbound menika dipunperang dados 6 Pos, inggih menika: Pos jemparingan, ngrayap, piring toya, pralon, ngewot, saha pos mindhah bal.Saben pos wonten nilai-nilai budaya Jawa ingkang saged dipuntingali. Ing ngandhap menika badhe dipunandharaken nilai-nilai budaya Jawa wonten ing game outbound saben pos.

Pos Jemparingan

Pos Jemparingan inggih menika salah satunggaling kagiyatan tradisional ingkang dipuntindakaken wonten ing Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat kaliyan Kadipatèn Pakualaman.[1] Wonten ing basa Indonésia jemparingan inggih menika olahraga jemparingan tradisional gaya Mataram. Tembung jemparing gadhah artos panah. Saéngga, tembung jemparingan trep kaliyan tembung panahan.
Pinten-pinten tiyang kagungan penggalihan menawi jemparingan kaliyan manah menika sami. Wonten ing basa Jawa, manah menika gadhah makna ati utawi pamikiran. Makna menika trep kaliyan jemparingan, amargi jemparingan menika salah sawijining olahraga ingkang kedah ngagem penggalihan kaliyan raos wonten ing manah. Saéngga, penjemparing menika saged fokus kagem nembak targèt (bandhul).
Nilai-nilai budaya Jawa wonten ing pos jemparingan inggih menika sarana mbentuk watak ksatria. Watak ksatria ingkang dipungadhahi inggih menika 4 nilai: sawiji, greget, sengguh, saha ora mingkuh. Sawiji tegesipun konsentrasi, greget tegesipun sengkud, sengguh tegesipun pracaya marang awake dhewe, saha ora mingguh tegesipun gadhah raos tanggel jawab marang gegayuhan ingkang pinuju.

Pos Ngrayap

Wonten ing pos menika siswa dipunlatih supados gadhah jiwa kapamimpinan, pracaya marang kanca ingkang maringi pitedah anggenipun nglangkungi alangan kanthi mripat katutup. Nilai-nilai menika laras kaliyan nilai budaya jawa
Inggih menika tiyang jawa kedah kagungan jiwa kapamimpinan supaya saged nata, njagi saha ngrumat alam donya menika.

Pos Piring Toya

Wonten pos menika nilai ingkang saged dipunpendhet inggih menika gotong-royong kerja sesarengan. Kanthi gotong-royong anggenipun ngempalaken toya wonten wadhah saged kebak isinipun.

Pos Pralon Bocor

Nilai ingkang saged dipunpendhet wonten pos menika parasiswa saged tlaten, sabar, saha mboten gampang pasrah anggenipun nggayuh menawa kemawon. Kedah rekasa langkung rumiyin menawi badhe nggayuh menapa kemawon.

 

Pos Ngewot

Nilai-nilai budaya jawa wonten ing pos menika parasiswa saged wantun anggenipun nglangkungi wot saking pring ing sakinggile lepen. Parasiswa kedah ngatos-atos anggenipun mlampah saha tumindhak supaya mboten nandhang kacilakan. Leres kaliyan paribasan basa jawa “Sing alon-alon waton klakon” sanadyan alon-alon menapa ingkang dados tujuwan saged kagayuh. Saha “sing ngati-ati bakal slamet sing sembarana bakal cilaka” tegesipun sinten kemawon ingkang tumindhak ngati-ati bakal slamet saha ingkang sembrana bakal cilaka.

 

Pos Mindhah Bal

Nilai-nilai ingkang saged dipunpendhet wonten ing pos menika parasiswa kedah cepet, kerja sesarengan,tangguh, saha cekat-ceket. Menawi badhe mindhahaken bal wonten tujuwan ingkang pinuju dipunbetahaken nilai-nilai ingkang sampun dipunsebataken wau. Cepet anggenipun mlayu, kerja seserengan tim, tangguh menawi dhawah wonten sabin, saha cekat-ceket anggenipun tumindhak.

Saking andharan menika, saged dipunpendhet dudutan ingih menika nilai-nilai budaya jawa wonten ing game outbound ingkang dipunlampahi parasiswa kelas 8 angkatan 12 SMP IT Alam Nurul Islam, wonten kathah ingkang saged dipunpendhet. Panulis mboten nyerat sedaya nilai-nilai ingkang kalebet wonten ing game outbound menika. Ing panulisan menika namung sekedhik ingkang dipunandharaken dening panulis. Mugi-mugi pamaos saged mendhet piwulang saha munpangat saking andharan panulis.

 

 

sutrisno

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *